Sunday, February 5, 2012

Muhammad Kang Kinasih

ya nabi salam 'alaika
ya rosul salam 'alaika
ya habib salam 'alaika
shalawatullah 'alaika

duh kanjeng nabi, mugi tinampi kawulo salam
duh kang kinatresnan, tulusing manah ngaturaken panuwun
maewu karaharjan mugi tansah banjir karoban
marang panderek marang kawulo dasih
ing galih manah kang kebak sih
duh janmo pinilih

sak purnaning wengi cumlorot suryo raino
dados sesuluhing peteng dalan kawulo

duh katresnan pepujaning ati tuk tinulodho
cubluk jahil kawulo lungo sirno
ginanti iman islam ing dhodho ing ludiro

anta syamsun anta badrun
anta nuurun fauqon-nuuri
anta inksiruw-wa gholi
anta misbahushu-shuduuri

panjenenganiro pindho baskoro
purnomo tan tinanding liyo
tuhu cahyo sak nduwur cahyo

o, keparengo kawulo pethik kembang piwulang
saking kebon sabdho kang panjenengan siram
pinangkaning paes laku kang dak lakoni
tumuju maring ridhane Gusti

bismillah
kelawan wewarah
jejeg mantep kawulo mlampah

nbantul, 12 maulid



No comments:

Ingsun

mbantul, jogjakarta, Indonesia